Rabu, 19 Oktober 2016

NASEHAT SIMBAH (JOWO)

SERAT KODRAT:

Sing dadi tengering zaman edan:

Wadone pamer aurat, lanange ngumbar sahwat, sing laris jamu kuwat.

Wong gede seneng maksiat, wong cilik podo nekad.

Wondene podo ora tobat, wegah tirakat, malah ngenakake maksiat.

Rino wengi krungu sesambat, akeh wong mlarat, ora kuat ngingoni brayat, konco mburi ora kerumat sing ora kuat terus ngendat.
Pejabate podo khianat.

Ketigo kaline asat, yen rendeng ngluwihi jagat, Lindu keliwat liwat, Samodro munggah darat.

Mulo manungso bakal slamet tekan kiamat, yen jagad diruwat lan  dirumat. Manembaho marang Gusti kang akaryo jagad.

Makaryo sing amanat, niat lan giat amrih bisa andum zakat ojo amung nyadong berkat.

Dedaharan sing khasiat amrih tansah sehat walafiat, ojo sakdremo ngumbar ilat.

Mangga dipun semak kanthi khidmat sinambi ngunjuk serbat, amrih gesang mboten keraos awrat , mugi slamet donya lan akhirat..

NASIHAT SIMBAHKU :

Ora kabeh wong pinter kuwi bener…
Ora kabeh wong bener kuwi pinter…

Akeh wong pinter ning ora bener…
Lan akeh wong bener senajan ora pinter…

Nanging tinimbang dadi wong pinter ning ora bener…
Luwih becik dadi wong bener senajan ora pinter…

Minterno wong bener..kuwi luwih gampang tinimbang mbenerake wong pinter…
Mbenerake wong pinter..kuwi mbutuhke beninge ati…"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar