Jumat, 26 Agustus 2016

Mukidi naik Helikopter๐Ÿ˜Ž๐Ÿ˜‚๐Ÿ˜‚๐Ÿ˜‚

**MUKIDI PELIIIT BANGET**

```Sak plok'e pindhah seko ndeso nyang kvcutho, Mukidiiii rejekine lancar.

Saiki wis dadi wong sugih, nanging medhite tetep ora ilang-ilang.

"Pak awak'e dhewe ki duwite wis akeh, ning aku pisan ae rung tau numpak montor mabur je..!!"
jare Suidah bojone Mukidiiiii.

"Larang..!! ora sah ae..!!"
Mukidiiiii mangsuli cekak aos.

"Nganggo duwit celenganku turahan blonjo wae yo pak...!!"

Ora sepiro suwe Mukidiiii karo Suidah wis tekan bandara Juanda arep nyarter pesawat Heli, di temoni Suroso sang pilot.

Cocok soal bayarane carter pesawat Heli, Suroso terus ngomong.

"Numpak pesawat syarate kudu meneng Pak, nek nganti omong sak kecap ae sampean tak dendho 1 juta, rong kecap rong juta, ningo nek ora omong tak wenehi duwit 5 juta..!!"
Suroso njelaske syarate

"Cocok pak..!! gelem aku..!!" jare Mukidiiii

Wong telu wis neng njerone pesawat, terus Suroso mulai ngeburke pesawat Heli ne.

Bareng wis mabur Suroso mulai gawe manuver, pesawate di enggok2ke ngiwo nengen ngiwo nengen, malah nganggo jungkir balik barang.

Kiro kiro sak jam heli wis mendarat..

Karo ngguya ngguyu Suroso marani Mukidiiiii.

"Wah Pak Mukidiiiii pancen hebat, ora ngomong blass, iki hadiahe 5 juta..!!"
jarene Suroso.

"Sak jane aku mau arep omong, ning wedi di dhendho.. aku milih meneng ae, ben oleh hadiah 5 juto, jare Mukidiiii

"Sak jane awakmu arep ngomong opo to Pak..?"
Suroso takon..

"Bojoku tibo Pak...!!```
๐Ÿ˜ฌ๐Ÿ˜ƒ๐Ÿ˜œ๐Ÿ˜œ๐Ÿ˜‚๐Ÿ˜‚๐Ÿ˜ƒ๐Ÿ˜ƒ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar